Pandom dawa wis nuduhaké anéng jam rolas têngah wêngi. Nanging mripaté Wening durung bisa mêrêm, amarga akèh sing isih nggodha pikirané. Kênya mau mung kêthap-kêthip, nyawang pyan-pyan senthongé. Pikiran marang nom-noman siji sing marakaké atiné tansah trataban yén éling nalika semana.
Dhéwéké banjur ngadeg lan mlaku tumuju lawang, banjur dibukak alon- alon. Omah wis katon sepi nyenyet. Mung swara-swara kéwan wayah wengi keprungu, sajak padha guneman.
Lakuné Wening alon-alon tumuju jedhing ing sisihé pawon. Gumriciké banyu keprungu saka senthongé Bapak, banjur dhéwéké metu. Wêning nembé waé mêtu saka jedhing. Kagèt, amarga Bapakné wungu.
“Lho, Bapak sampun dangu wonten mriki?”, aturé Wening. Amarga ora kaya biasané Bapakné wungu ing tengah wengi.
“Nembé waé. Kowé kok yahméné durung turu ta Ning?”
“Nggih, niki Pak. Dalem dèrèng saged tilem. Wau taksih kathah padamelan,” Wening sumaur ngapusi Bapakné. Ora let suwé Makné uga mèlu tangi.
“Kok durung turu ta, Nduk?”
“Nggih, Mak. Saweg Ajeng tilem niki.”
“Ya wis, ndang turu. Bèn sésuk ora kerinan anggonmu tangi, lan ora telat budhal makarya.”
“Nggih,Mak.”
Wening banjur mlaku mlebu senthongé manèh, mapanaké awaké sing pancèn wis kesel. Tangané banjur ngranggèh hapé sing gumléthak ana sisih bantal guling, nuli dibukak, mbok menawa ana pesen saka nom-noman sing ditresnani. Ananging, ora ana. Ora ana tandha-tandha yèn ana pesen mlebu whatssap-é.
Pesen seminggu kapungkur diwaca manéh. Ana rasa kangen kang mbangeti sajroning dhadha kenya mau.
Aku lunga amarga duwé gegayuhan kang arep dakgawé sanguning urip. Aku njaluk pandongamu supayané sing dadi gegayuhanku bisa kaleksanan kanthi gangsar.
Mung semono anggoné dhéwéké nulis, nanging gawé luh ing mripaté Wening tumètès deres.
Kenya mau lungguh nang pinggir ambèn, banjur njupuk dluwang lan potlot sing ana slorokan. Nulis jeneng siji sing sasuwéné iki gawé atiné mbrebes mili.
Aris Sasongko.
Jenengé nom-noman kang wus pirang taun dadi kanca cedhaké. Ora mung cedhak, ananging ana reraketan manah kang wus dadi kawit suwé. Saiki dhèwèké mbuh ana ngendi. Pirang sasi kepungkur muni arep lunga menyang manca, nanging ana pawarta yén dhèwèké lunga menyang Kalimantan. Golèk pakaryan nang kana.
Sakjané apa sing sampéyan golèki, ki? Aku durung bisa nemokaké jawabané. Kena ngapa kudu lunga adoh. Kaya ora ana papan panggonan cedhak kanggo golèk panggawéyan. Ora ngreti yèn aku keranta-ranta amarga mikiraké sampéyan.
Luhé Wening tumètès deres, nganti mripaté mbendhul. Mbasan wis ora bisa nahan rasaning atiné, dhéwéké banjur angler turu, nuju alaming pangimpèn. Atiné ngarep-arep muga-muga wong sing ditresnani bisa mlebu ing impèné. Sirahé ora kuat manèh kanggo mikir.
***
Srengèngè sumunar ana sisih wétan, binarengan riris sing sajaké ora trima yèn sang bagaskara mau ndhisiki anggoné mecungul.
Wening nembé tata-tata arep budhal makarya. Nang ngarep, Ika, kancané wis ngentèni.
Wening pamitan karo wong tuwané, banjur ngejak Ika mangkat kerja. Kenya loro mau numpak pit onthèl tumuju papan panggonané makarya.
Nang dalan Ika takon: “Ning, priyé kabaré Mas Aris? Wis mènèhi kabar manèh pa durung?”
Pitakoné Ika gawé atiné Wening mak tratab, krasa lara uga kagèt. Ananging dhèwèké wis biasa ngadhepi kahanan kaya mangkono. Aris lunga amarga nduwèni tanggung jawab kang abot. Gentiné Bapakné sing wis séda, dadi pemimpin kanggo kulawargané.
“Alhamdulillah, apik waé kok, Ka.”
“Alhamdulillah, muga-muga diparingi rejeki sing gangsar ya?”
“Aamiin, matur nuwun pandongané.”









