Aku mung sumadya
apa kang dadi lakuning aku
ginarising saka Gusti
kang kudu daklakoni
Aku mung sumadya ana jejeg iki
mlaku ngalentrih ngalembana
ana ing dalan-dalan kang dawa
binarengan mrang muwun lan esemku
Aku mung sumadya
ana jroning rasa tan ora owah saka lelakon
apa kang daklakoni
tumujuning dhiri ana ngendi?
Aku golek crita kang wus kocap kacarita
jroning tyas tansah ajur
makaping-kaping
binarengan luh kang dadi kanca setyaku
mituhu mrang lelakonku
kang wus ginarising uripku
amung bisa anuladha
junjungan kita
Temanggung, Selasa 21 April 2026
08.31










