Aris lan kanca-kancané katon bungah, semangat sarta kendel anggoné nyambut gawé. Nom-noman iku ora ngerti yèn ana wanita kang meneng-meneng nyawang dhèwèké saka kadohan. Wanita kuwi wis suwé kesengsem karo sipaté sing grapyak, sopan, sumèh lan seneng tetulung, kawit dhèwèké teka ana papan kono. Nanging dudu kuwi waé sing marakaké Tiwi, celukané dhèwèké, kesengsem. Tiwi nduwèni ati karo Aris amarga kejaba bagus, Aris uga luwes.
“Aris wis duwé bojo utawa pacangan pa durung ya?” gunemé Tiwi, sinambi sedhéla-sedhéla mripaté nyawang marang Aris.
Tiwi mèsem dhéwé, sanajan jroning atiné isih ana lelara kang kudu diilangaké saklawasé. Dhewèké mbayangaké yén manawa sing dadi sisihané mau Aris, mesthi uripé bakal seneng lan bungah. Tiwi mikir yèn Aris dadi sisihané, ana sing nggematéni kanthi ikhlas. Ora amarga bandha lan rupa. Dhèwèké banjur mlaku metu, nyeluk Aris.
“Mas Aris,” swarané Tiwi gawé nom-noman mau nolèh. Tangané ngawé marang dhèwèké. Aris mèsem, banjur mlaku nyedhaki Tiwi sing ngadeg ana lawang kantor. Wanita ayu kuwi ngrasa bungah nalikané wong sing disir teka.
“Wonten napa, Mbak?”, pitakoné Aris kanthi sopan. Badhé ngersakaken punapa, Mbak?”
“Aku tulung terké nang kantor pusat sik. Ana sing arep dakaturké karo kepala bagian keuangan.”
” Nggih, Mbak. Mangga.”
Tiwi mlaku tumuju nyang mobilé. Aris ngetutaké saka mburi. Dhèwèké sakjané ora kepénak yén mung lunga wong loro karo Tiwi, amarga Tiwi kuwi randha ayu tur sugih.
Nang ndalan, Tiwi omong karo Aris.
“Banyu galoné wis enték, Mas. Tulung tukokna ya?” Ngono anggoné Tiwi golèk cara, cikbèn digatèkaké karo nom-noman sing wis suwé disir kuwi.
” Nggih, Mbak. Wonten malih ingkang badhé dipun pundhut? Sekalian mawon.”
“Kuwi waé dhisik.”
Tiwi mlebu menyang kantor pusat, tumuju ruangan direkturé. Nang kana ana priya umuré kira-kira wis setengah abad, nanging isih katon ngenomi. Gayané uga katon perlénthé lan nècis. Dhèwèké mèsem nalika weruh Tiwi mlebu. Wanita kuwi sing wis suwé gawé atiné kesengsem.
“Sugeng siang, Pak. Nuwun sèwu,” aturé Tiwi kanthi urmat.
“Mangga. Dakkira kowé ora arep teka mréné saiki.” Priya kuwi katon mesem karo Tiwi. Pewayangan ayuné Tiwi pancén nengsemake kanggo sapa waé sing nyawang. Gandhes luwes tur alus.
“Kula mriki namung badhé ngaturaken laporan wulanan punika, Pak?” Tiwi ngulungaké rékapan lan cathetan dhokumèn marang pimpinané. Tiwi tetep sopan anggoné ngadhêpi priya kang dadi pimpinané kuwi. Sanajan pirang sasi kepungkur, Sarjono, jenengé priya mau, nduwéni kekarepan pingin ngepèk dhéwéké dadi bojoné, sawisé Tiwi pegatan karo bojoné. Nanging Tiwi ora saguh.
“Iya, daktampa,” wangsulané. “Dakdeloké mengko waé. “Emmm … banjur, kowé lèh mréné karo sapa?” pitakone Sarjono.
“Kaliyan sopir,” wangsulané Tiwi ènthèng.
“Oh, yèn ngono priyé manawa saiki awaké dhéwé mangan nang njaba?” ajaké Sarjono.
“Nyuwun pangapunten, Pak. mbok menawi sanès wekdal kémawon, amargi badhé jawah.” Tiwi golèk alesan, pas ketepakan karo mendung ireng sing gumantung ana ing langit.
“ Ya kala-kala, ta. Mengko dakteraké mulih, bèn sopirmu mulih dhisik.” Sarjono ora pingin nyiya-nyiya terus wektune kanggo nyedhaki Tiwi.
Tiwi jané ora saguh, nanging dhèwèké ngajèni pandhuwuré mau. Banjur mangsuli, “Nggih, Pak. Sumangga mawon.” Karo mesem kecut sanadyan atiné nginggati.
Loro-loroné metu tumuju mobilé Sarjono. Aris sing weruh nuli nyapa Sarjono kanthi ramah.
“Sugeng siyang,Pak?”
“ Sampéyan supiré Tiwi?” pitakoné Sarjono sajak ora pati seneng weruh Aris.
Aris mèsem sumringah, nanging ora kanggoné Sarjono. Dhèwèké mléngos nalikané Aris nyedhaki kekaroné.
“Aku karo Tiwi arep mangan nang njaba, kowé mulih waé sik, mengko Tiwi aku sing ngeterake,” ujaré Sarjono karo nggandhèng tangané Tiwi. Tiwi jané ngrasa risih, banjur ngeculaké tangané Sarjono saka tangané. Aris weruh carané priya mau mertélakaké wadon ayu mau.
Nuli Aris mangsuli, “ Inggih, Pak. Kula nyuwun pamit rumiyin. Mangga.”
Sawisé Sarjono karo Tiwi lunga, Aris banjur balik nyang mobilé Tiwi. Nanging, dhèwèké ora langsung nglakokaké. Dhèwèké éling yén wis pirang-pirang dina iki ora mènèhi kabar karo pacangané, yaiku Wening. Aris mbukak hp-né lan ngecèk pesen-pesen sing mlebu.
Akèh pesen saka Wening sing durung diwaca. Salah sijiné katulis yèn kenya mau tansah ngentèni kabar katresnané.
“Mas … jané njenengan ki gék nang ngendi? Pirang-pirang dina kok ora aktif hp-né. Atiku dadi nggrantes banget rasané, amarga kélingan njenengan terus saben dina. Muga-muga waé diparingi waras lan saras kasarasan.”
Atiné Aris trenyuh nalika maca tulisané Wening. Banjur dhéwéké mbalesi : “Dingapura, nang kéné rada angél sinyal, lan ngecas hp rong dina pisan. Muga-muga sluramu lan keluwargamu padha séhat kabèh.”
Kekirim ana Wening pesene mau. Ana rasa kangen sing kesimpen ana jroning ati nom-noman sing, sinambi mbayangke wewayangan Kenya sing ditresnani.
Sabanjuré, dhèwèké nambahi sak baris geguritan.
Lan aku tansah mituhu prasetyaku marang sliramu.
Sanadyan adoh saka aku, pucuking nètra
tuntunging atiku. Ora ana sing bisa anggentèni
jenengmu nang atiku.
Aris mèsem, banjur nglakokaké mobilé Tiwi ninggalaké plataran kantor pusat.
Sawetara kuwi, Sarjono karo Tiwi isih pada guneman ana salah sijining réstoran nang kutha. Sarjono nuduhaké kekarepané nglamar Tiwi. Tiwi durung bisa mènèhi wangsulan, amarga nang atine wis kepincut karo Aris.
“Aku wis suwé ngenteni panjawabmu, aku tenanan arep ndadèkaké sliramu bojoku, marga aku wis suwé duwé rasa tresna marang sliramu, Wi.” Sarjono nggegem tangané Tiwi kang lungguh ana ngarepé. Tiwi ndhingkluk, ora wani njawab, uga ora wani mbales sorot nétraning priya sing wis meh separo abad kuwi.
Sanajan Tiwi ngreti yèn Sarjono wis limang tahun iki dadi dhudha amarga bojoné tilar donya. Ing atiné Tiwi uga durung bisa mutusi arep saguh utawa ora, amarga nang atiné saiki wis ana Aris sing ndadèkaké uripé sansaya éndah. Nom-noman kuwi wis gawé merak atiné Tiwi.
“Priyé Wi? Sliramu, saguh apa ora?” Tangané Sarjono tambah kuat nggegem tangané Tiwi. Tiwi sranta arep ngeculaké tangané, ananging ora bisa.
Tiwi sakjané gugup ning atine, dhèwèké isih meneng nuli ndhangak. Nyawang priya sing pantesé dadi bapakné iku. Dhèwèké mangsuli, “Nyuwun agunging pangapunten, Pak. Kula dèrèng saged mangsuli. Amargi …” Durung nganti Tiwi nerusaké omongané, Sarjono wis nyelani.
“Ya ora papa. Aku ngreti kowé ora bakal gelem mangsuli saiki. Nanging pangarep-arepku, mengko tembé mburiné awakmu bisa karo aku!” Sarjono mèsem. Dhèwèké nduwèni keyakinan yèn Tiwi bakal saguh dadi sisihané. Amarga Tiwi wis olèh bandha arupa mobil, omah, lan uga duwit ora naté kurang saka Sarjono. Sanajan sakwisé dhèwèké pegatan karo bojoné. Praupané Tiwi sing ayu ndadèkaké wong lanang padha seneng nyedhaki.










