Aris nembé lungguh dhéwékan. Dhèwèké kélingan katresnané, banjur ngirim pesen kanggo kenya mau.
“Aku kangen karo kowé. Muga-muga riyaya taun anyar bisa mulih, Dhik. Mung njaluk pandongamu bèn kalaksanan apa sing dadi gegayuhané awaké dhéwé.”
Kakirim nang nomeré Wening. Aris mèsem, banjur mlumahaké awaké ana ing ambèn kang mung diwènèhi klasa karo bantal krépés kanggo kajang sirah.
Wening nrima pesen saka Aris kanthi bungah. Dhèwèké saiki bisa mangertèni kahanané Aris nyang kana.
“Iya, aku mangertèni perjuanganmu, Mas. Aku nyenyuwun muga-muga diparingi lancar sadayané.”
***
Wening krasa seneng nalika maca pesen sska Aris. Sanajan mung sedhéla, nanging wis gawé bungahing atiné. Sak ora-orané, kabar saka Aris marakaké dhèwèké ora ngarep-arep kabar Aris kang wus pirang-pirang dina dientèni.
Emak sing nembé waé kondur saka pasar, weruh wewayangan anak wédoké katon sumringah, banjur ndangu :
“ Kowé kok kétoké seneng banget ta? Ana apa?” ngendikane Emak karo ndèlèhaké tas isi blanjan nyang ambèn, banjur pinarak ana sandhingé Wening.
Wening isih mèsem, durung njawab pandanguné Emak. Nuli Emak nambahi : “Ana apa ta, Ndhuk? Kok mèsam mèsem dhéwé. Éntuk kabar saka Aris pa?”, pandanguné Emak sing langsung bener mungguhé Wening. Kenya mau mèsem manèh, banjur manthuk.
“Nggih, Mak. Leres. Niki nembé mawon pamit wau,” Wening mangsuli.
“O … ngono ta. Mulané kowé kok kétok seneng. Banjur priyé kabaré Aris?”
“Alhamdulillah, saé-saé mawon, Mak. Namung nyuwun pandonganipun mugi-mugi mangké riyaya taun énggal saged wangsul.”
“Arpp mulih?”, Emak mangsuli karo rada kagèt campur seneng.
“Nggih, Mak. Wau sanjangipun ngaten.”
“Alhamdulillah …” Emak pasuryané uga katon seneng. Nang pikirané dhèwèké wis ana kékarppan arep nyambut calon mantuné kanthi masak sing énak-énak.
“Lha sésuk yèn Aris wis nyedhaki arep mulih, awaké dhéwé gawé brongkos karo empis-empis waé ya? Senengané Aris lak kuwi ta?”, tambah Emak sinambi ngetokaké blanjan sing durung dietokaké saka panggonané.
“Nggih, Mak. Mugi-mugi mawon mboten wonten alangan napa-napa wonten margi.”
“Iya, awaké dhéwé mung bisá ndongakaké waé, cikbèn diparingi gangsar sakabèhané.
“Nggih, Mak.”
“Sésuk awaké dhéwé masak gasik, terus kowé mèlu tandur ya, Ndhuk? Aku mau wis kongkon wong-wong kanggo ngéwangi tandur sésuk. Sawahé wis dibanyoni karo Bapak.”
“Nggih, Mak.” Sepisan manèh Wening mangsuli sadurungé Emak tumuju ana mburi.
“Ya wis. Saiki aku dak nang mburi sik, nggawèkaké pesenané Bu Karyo.”
“Nggih, Mak. Kula rencangi.”
**
Ésuk-ésuk ing dina Ngahad, Wening karo makné wis padha tangi, banjur masak ana pawon. Kabeneran dina iki Wening prèi anggoné makarya, dadi bisa ngréwangi Makné tandang gawé.
Ora let suwé wis pada rampungan. Êmaké Wêning budhal dhisik karo wong-wong sing arep ngréwangi tandur ana ing sawah.
Dhèwèké wis nggawa wédang karo pacitan, sangu kanggo mangan nang kana. Ana wong telu sing arep ngréwangi, yaiku Yu Tinah, Lik Siti, Lik Tun, karo Yu Karsih.
Nang ndalan, wong-wong mau padha guneman.
“Yu Lastri, jaréné Aris arep mulih pungkasan taun iki. Apa bener?”, pitakoné Yu Tinah marang Emakné Wening.
Sing ditakoni mung mèsem nuli njawab, “Ya, insya Allah. Muga-muga waé ora ana alangan apa-apa, cikbèn bisa mulih kanthi slamet nang ndalan. Kowé diomongi sapa, Tin, kok ngreti?”
“Makné Aris sing crita dhéwé karo aku wingi,” Yu Tinah mangsuli.
“Dongakaké waé lancar,Tin,” makné Wening mangsuli.
“Aamiin … iya Yu. Paringi gangsar sakabèhané tekan mengko dadi mantuné sampéyan.”
“Matur nuwun, Tin. Mulané kuwi aku ya nyuwun pandongané kabéh, bén lancar ya?”
Sakdawaning dalan, wong-wong mau isih padha guneman. Nyritakaké Wening lan Aris. Ora adoh saka ngarepan, ana nom-noman lagi mlayu-mlayu ésuk. Weruh rombongan Makné Wening lan kanca-kancané, dhèwèké banjur mandheg lan nyapa kabéh.
“Sugeng énjang sadaya,” nom-noman kuwi nyapa ibu-ibu sing lagi mlaku. Sranta padha mandheg, nuli nom-noman mau nambahi, “ badhé tindak pundi?”, aturé karo mèsem sing nengsemaké.
Kabèh padha nolèh marang nom-noman kuwi. Yu Tinah banjur nyawang karo ngéling-éling banjur kandha, “Èh! Kok kaya wis tau ngreti, ning sapa ya?” Yu Tinah ngéling-éling.








