Sakwisé nglaksanakaké ijab-qabul, Sarjono banjur ngundang wong-wong sing nyambut gawé ana saka tlatah ing kantoré Tiwi lan dhèwèké. Temantén loro padha nyambut wong-wong mau kanthi bungah. Semono uga Aris, teka ana ing acara kuwi. Jroning atiné Aris, dhèwèké mèlu seneng, amarga Tiwi wis ana sing ngukup-raup. Tiwi lan Sarjono nyumanggakaké para tamu amrih njupuk dhedhaharan kang wus sumadya ana méja prasmanan.
Mripaté Tiwi ora lèrèn anggoné nyawang Aris. Atiné tratapan amarga akhiré ora bisa sesandingan karo priya sing ditresnani. Tiwi duwé pilihan amarga dhèwèké uga mbutuhake wragat kanggo uripé lan kulawargané.
Saiki aku wis dadi duwéké wong, nanging aku isih nduwéni rasa tresna lan ngantu-antu karo kowé, Aris. Atiku jané ora lila, nanging priyé manèh? Aku kudu mlaku ing dalan iki. Aku ngerti yèn iki dosa. Yèn aku bisa nglalèkaké sliramu, bakal daklalèkaké. Gunemé Tiwi ana jroning ati. Tiwi yèn Aris mung nanggepi biasa waé, amarga Aris ngurmati wanita.
Sarjono ngerti yén garwané mau nyawang marang priya liya. Priya sing kapungkur dadi saingané. Dhèwèké banjur nggegem tangané Tiwi lan ngajak lungguh. Asliné, Sarjono mung arep ngedohksé Tiwi saka priya liya, yaiku Aris. Sarjono ngakoni yèn Aris duwé wewayangan bagus, alus bebudèné, sregep nyambut gawé, lan uga sregep ngibadah.
“Aku bungah saiki wis bisa nyanding kowé. Kowé dadi sisihanku saiki,” ujare Sarjono sinambi ngelap kringet kang katon ana pipiné Tiwi. Tiwi rumangsa isin amarga dideleng wong akèh. “Muga-muga awake dhewé ndang éntuk momongan, bèn omahé ora sepi.”
“Inggih, Mas,” sauté Tiwi karo mèsem, nadyan jroning atiné nggrantes, sansaya deres udan ing njero atiné. Ana kang nyandung pikirané.
Nuhoni janjiné kang uga ketepakan karo taun anyar, Aris mulih menyang Jawa bareng karo kanca-kancané sing saka Jawa Têngah lan Wétan. Dhèwèké pingin prèi rada dawa. Aris wis duwé rencana arep nglamar sisan ngrabi Wening, banjur arep digawa lunga menyang papané nyambut gawé. Wong tuwané Aris nyambut anaké kanthi bungah, apa manéh mbasan Aris kandha yèn arep gagé ngesahaké kenya kang saksuwéné iki dadi pepujaning atiné, dadi sisihané.
“Kowé tenan wis manteb arep ndang omah-omah, Ris?” Pandanguné Bapak nalika Aris matur yèn arep ndang ngrabi Wening.
“Inggih, Pak. Kula saestu badhé nglamar ugi nikahi Wening sakcepetipun. Amargi anggèn dalem kaliyan Wêning nglampahi talining asmara sampun dangu. Dalem mboten badhé nundha-nundha ingkang sampun dados rencananipun dalem, Pak,” sauté Aris kanthi ndhingkluk. Atiné dheg-dhegan.
Bapaké Aris mèsem, nuli ngandika, “ Yabwis. Yèn pancèn kuwi wis dadi keputusan lan pepinginanmu, Bapak lan Emak amung bisa ngéwangi ndedonga, muga-muga sing dadi panyuwunmu kasembadan.” Ngendikané Bapak manteb, ndadèkaké atiné Aris bungah, wewayangané uga sumringah.
Aris sakulawarga nekani omahé Wening kanthi tujuan arep lamaran. Wening ora ngira yèn arep kaya ngéné cepeté, anggoné Aris nglamar dhèwèké.
“Aku kayané ngimpi, Mas. Kaya ora nyata.” Wening mèsem nalikané lungguh sesandhingan jèjèr Aris.
“Ora ngimpi kok, Ning. Iki nyata. Awaké dhéwé arep ndadèkaké iki kasunyatan, bèn ora bisa pethal lan uwal nganti tumekaning pati.” Mripaté Aris nyawang kaéndahan kang ana ing ngarepé.
Tangané Aris nggegem kenceng tangané kenya kuwi. Kaéndahaning rasa kang mung bisa dirasakaké wong sakloron.
Lamaran lancar. Pihak kulawarga sakloron banjur nemtokaké dina kanggo ijab. Wis padha sarujuk yèn sesasi manèh Aris lan Wening arep tetalèn asmara saklawasé.










