Aris lan kanca-kancané lagi padha lèrèn, sakrampungé kerja. Wong-wong padha geguyon nggodhani Aris lan Pandhu sing isih legan.
“Iki sukmbèné sapa sing arep mantènan dhisik? Pandhu utawa Aris?” Kandhané Pak Tris, sesepuh ana kelompoké Aris. Sranta padha ngguyu krungu pangucapé Pak Tris. Priya asal Madiun kuwi pancèn seneng nggodhani kanca-kancané, mertandhakaké yèn nyanak lan rukun.
“Wah! Lha nggih kirangan niki, Pak! Nunggu kajugrugan rejeki ageng mawon, kersané saged damel numbasaké mas sak pengadegé,” saute Pandhu karo gumuyu. “Aris riyin kadosé, Pak. Sanès kula.” Mripaté Pandhu nglirik marang Aris kang ana sandingé. Aris nuli njotos alon tangané Pandhu. Karoné ngguyu.
“Arep kowé dhisik ya ora apa-apa ta, Ndhu?”
“Tenané, Ris?”
“Lha kok ora. Yo tenan kok, mosok ora!”
“Lha iya, Ndhu. Disingseti sisan nggo paningset.” Pak Tris mèlu-mèlu nambahi. Priya kang wus arep sèket taun kuwi isih katon kuwat lan seger. Ditambahi manèh, Pak Tris wongé grapyak tur semanak.
Kabèh padha ngguyu cekakakan. Aris banjur mlaku ngadoh sranta ngelap kringet nang guluné nganggo kacu kang biasa digunakaké. Lungguh sèndhèhan ana sacedhaking témbok wates antarané kantor lan mèss. Saka njero ruangané,Tiwi kamitenggengen nyawang nom-noman kang gawé atiné kebat-kebit.
Tiwi ora bisa ngapusi marang atiné. Dhèwèké nduwèni rasa tresna kang jeru marang nom-noman iku. Ana panyawangé, Aris kuwi sampurna. Sepisan manèh, atiné Tiwi muni yèn kudu nduwèni Aris, sanadyan Sarjono sakcepeté njaluk wangsulan bab lamarané marang dhèwèké.
Tiwi bingung kudu kepriyé. Némbé waé Sarjono ngirim pesen yèn sésuk njaluk ketemuan, mumpung prei kerja.
Tiwi mbales nyaguhi, amarga dhèwèké uga nduwèni kekarepan liyané. Apa kekarepan liyané Tiwi?
Tiwi ora lèrèn anggoné nyawang Aris. Ana krentrging rasa kang ora bisa diapusi dening Tiwi. Rasa tresna lan welas asih kang suci. Tiwi isih bingung nemtokaké wangsulan apa kang arep diucapaké marang Sarjono.
Aku ora arep kélangan Aris, nanging aku uga butuh bandha. Piyé apiké ya? Bisiking atiné Tiwi paling jero. Dhèwèké lumaku mrana-mréné,bkaton bingung. Durung bisa mikir, wangsulan apa; saguh utawa ora. Tiwi terus mikiraké sing arep dadi keputusané mengko.
***
Sarjono lan Tiwi wis ana kafé. Sarjono, pancèn priya kuwi wus mèh setengah abad umuré, nanging saka wewayangané isih katon seger, amarga bagus sarta besus ngrumat awak. Pas sesandhingan karo Tiwi, wanita ayu.
“Aku butuh jawabanmu sakcepeté, Wi. Kowé saguh apa ora yèn dadi sisihanku?” kandhané Sarjono.
Sawatara Tiwi meneng, ora langsung mangsuli nganti rada suwi. Nadyan ngono, Sarjono tetep sabar anggoné nunggu jawaban saka wanita kang dadi pepujaning atiné kuwi. Sedhéla-sedhéla dhèwèké mangan pesenan kang wus sumadya ana méja ing ngarepé.
Let suwi, banjur Tiwi mangsuli, “ Inggih, Pak. Kula sagahi.” Jawabané Tiwi, gawé bungahing atiné Sarjono.
“Matur nuwun Wi. Sakcepeté aku arep ngrabi kowé.” Tangané Sarjono nggegem tangané Tiwi. Tiwi ndhingkluk, rumangsa isin nanging uga abot. Dhèwèké nyaguhi, amarga duwé pepinginan.
***
Kaluwargané Tiwi lan kaluwargane Sarjono wis padha nglumpuk dadi siji ana ruang tamu. Swasanané katon semarak. Wewayangané wong-wong padha sumringah, apa manèh Sarjono lan Tiwi. Sarjono mènèhaké seserahan lan paningset sing ora tanggung-tanggung. Kajaba emas-emasan sakpengadegé, Tiwi wis ditukokaké omah lan mobil. Ora mung kuwi, ananging uga ditukokaké villa pribadi. Lamaran sing nggumunaké wong-wong sing padha teka.
“Sasi ngarep, aku arep ngrabi Tiwi,” kandhané Sarjono bungah. Nanging Tiwi isih abot jroning ati.











