Beranda / Genre / Sastra / Wening: Wolu

Wening: Wolu

Wening
This entry is part 9 of 10 in the series Wening

Sarjono ngajak Tiwi mara tanah Jawa, menyang kaulawargané sing ana kana, sisan karo arep bulan madu.

Kekaroné  padha-padha wis naté ngrasakaké omah-omah, sanadyan akhiré bubar karo pasangané.

 “Aku selak kepingin duwé momongan manèh, aku ngrasa yèn isih rnom, isih patut yèn duwé bocah cilik,” ujaré Sarjono marang sedulur-seduluré, nalika padha jrjangongan ana ing omah candi mbahé Sarjono. Omah kuwi umuré wis ana satusan taun, nanging isih ngadeg bakoh lan kuwat. Tangané Sarjono ora bisa pethal saka tangané Tiwi. Dhèwèké nggegem tangan kuwi terus, marai Tiwi isin ana ngarepé sedulur-seduluré bojoné.

“Yo kudu gagé-gagé dikebut, bèn ora kesuwèn,” kandhané salah sijining misanané Sarjono, Darmanto.

 “O, ya mesthi ta, Dhik Dar. Yèn bisa malah loro sisan, bén suk gedhéné gampang, ora ngrépoti. Pisan thok momongé, iya ta?”

Wong-wong padha ngguyu krungu kandhané  Sarjono. Padha ngrumangsani yèn umuré Sarjono wis ora enom manèh. Nanging Sarjono isih katon bagus, gagah, tur rosa.

  “Lha ya wis, gagé-gagé waé. Bèn ndang dadi.” Wong-wong padha ngguyoni Sarjono lan Tiwi.

 Ing wayah soré, Sarjono ngajak Tiwi lunga menyang mall nang tengah kutha. Wis suwé dhèwèké kepingin tuku bathik sarimbit. Gawé tandha yèn saiki wis ana sing nduwèni. Kaya ngapa bungahing priya kuwi nalikané Tiwi gelem dirabi déning dhèwèké. Sanajan ana salah sijining sedulure sing kandha yèn Tiwi kuwi gelem dirabi amarga bandha. Dudu amarga tresna. Nanging Sarjono ora peduli. Buktiné saiki Tiwi wis dadi duwéké.

“Mas, Mas Jono. Mas …,” Ana pawongan nyeluki Sarjono nalikané mlaku bareng karo Tiwi. Karo-karoné nolèh tumuju asaling  swara iku.

Ana wong wadon nyedhaki. Sarjono rada kagét nalika weruh sapa kang nyeluki. Sapa sejatine wong wadon kuwi?

 Sarjono nolèh marang wong kang nyeluk dhèwèké. Kagèt sakwisé ngreti sapa sing ana ngarepé. Awaké Sarjono ndrojot. Kringeté ilén-ilén, godrès, dlèwèran. Tiwi mung nyawang wewayangané Sarjono sing ujug-ujug malih semu. Wanita kuwi  nyedhaki Sarjono lan Tiwi.

 “Iki sapa, Mas?” pitakoné wanita kuwi marang Tiwi kang ngadeg ana sandhingé.

“Iki … iki bojo kapindhoku, Tik,” sauté Sarjono kanthi ndrojot.

Wanita kuwi nggambaraké polatan kurang seneng karo Tiwi, nanging dhèwèké banjur nyalami Tiwi.

“Kula adhik iparé Mas  Sarjono, Mbak. Nami kula Titik. Riyin Mas Sarjono nikah kaliyan mbakyu kula.”

“O, nggih, Mbak. Tepangaken kula Tiwi, garwané Mas Sarjono.”

 “Sekedhap, kula wonten perlu kaliyan Mas Sarjono, nggih?” Wanita kuwi nggèrèt tangané Sarjono ngadoh saka Tiwi.  Tiwi mung nyawang saka kadohan lan uga ora kepingin ngerti urusané wong.

 Sarjono nakoni,“Tik, kok kowé ngreti yèn aku mulih réné. Sapa sing ngabari? Terus kok ngreti yèn aku nang kéné?”

 “Mas Darmanto sing ngabari. Dhèwèké ngendika yèn Mas Jono lagi arep bulan madu maneh. Kosik, Mas. Aku arep matur sithik.”

 “Ana apa?”

“Anakmu, Dani, butuh duit gawé bayar kuliahé, Mas. Rong sasi iki dhèwèké durung mbayar kuliah.”

 “Lho, wingénané wis dakkirimi ta? Aku wis ngirim nang rékeningé selawé yuta (25 yuta). Kok isih arep njaluk manèh. Gawé apa?”

 “Ngéné Mas. Mbak Widi wingènané éntuk musibah. Dhèwèké kacilakan ana ndalan, terus operasi. Butuh duwit akèh. Dadi duwité Dani digawé nambakaké ibuné dhisik.”

“Dhuh Gusti! Terus priyé?” pitakoné Sarjono kagèt. Ora ngira yèn arep krungu kabar ora ngepénakaké saka bekas bojoné. 

Tiwi isih nunggoni ana ngarep salah sijining stand ing kono. Dhèwèké dadi bosen, banjur mlaku-mlaku dhéwé golèk barang sing arep dituku.

Nang batin, Tiwi wis ngrasakaké ana sing ora bèrès.

“Mbak Widi isih kudu térapi nang rumah sakit,  Mas. Amarga ana balungé sing tugêl. Dadi kudu disambung néh. Tur ya ora cêpêt to anggoné mari? Kudu sabar lan butuh wêktu kanggo mulihaké lakuné.”

 “Astaghfirullah.  Kok ya ana-ana wae. Babar pisan aku ya nyangka,”gunêmé Sarjono kayata ora pracaya yén kadadeyan mau gawé dhéwéké uga mélu ngrasakké rêrênggan kang diadhêpi déning kaluwarga  bêkas bojoné.

 .

“Iki wis ginaris, Mas. Kabéh kuwi ya dudu karêpé mbakyuku, to?” sauté Titik karo praupan rada nêsu lan kuciwa. Krungu apa kang diucap déning Sarjono.

 Titik nyawang Sarjono kanthi gumun. Kok bisa-bisané Mas Sarjono ngêndhika kaya ngono. Apa dhéwélé ora mesakké karo Dani lan ibuné? Mbok ya aja téga-téga karo anakmu to, Mas. Gunêmé Titik sakjroning ati.

 “Ya mêngko tak transfêri nang nomêr rékéningé Dani. Tak kéi punjul bén kanggo têtamba ibuné. Dingapura aku durung bisa niliki. Sésuké aku wis kudu bali manéh nang Kalimantan. Titip salam waé kanggo dhéwéké.”

 “Iya, Mas. Mêngko tak maturké.” Titik mênêng sêdhéla, banjur nambahi, “Apa njênêngan ora kêpingin kêtêmu Dani to, Mas?”

 “Kapan-kapan waé, Dik Titik. Aku jan agék akéh gawéyan saiki.”

 “Ya wis, Mas. Pêsênku aja lali waé karo anak. Sanadyan wis pisah karo mbakyuku, nanging anak têtêp dadi gantélaning ati.”

 “Ya. Matur nuwun wis diélingké.”

  Tiwi ngadoh saka Sarjono lan Titik. Dhéwéké kala-kala mlirik saka kadohan. Sakjane ana apa? Kok kudu ngomong adoh. Généya aku ora oléh ngêrti? Ati lan pikirané Tiwi wis ora karuan. Dhéwéké kuwatir yén Sarjono mbalik manéh marang bojo kapisané.

 Pokoké Sarjono ora oléh mbalik karo bêkas bojoné. Aku sing kudu nguwasani dhéwéké. Uripé Sarjono saiki wis karo aku. Ora pêrlu ngurusi uripé wong liya.

Wening

Wening: Pitu Wening: Sanga

Penulis

  • Fidele Amour

    Fidèlé Amour adalah nama pena dari wanita kelahiran Temanggung, Jawa Tengah, berzodiak Libra. Memiliki hobi belajar bahasa asing, mendalami huruf-huruf Jawa dan bahasa Jawa sebagai wujud dukungan terhadap program Revitalisasi Bahasa Daerah. Gemar menulis artikel, puisi, cerpen, dan cerbung, terutama cerpen dan cerbung berbahasa Jawa. Telah menerbitkan beberapa karya solo dan antologi berbagai genre.

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *