Tiwi rumångså kuciwå, nalika Sarjono wis ora nggatèkaké åpå kang dadi panuwunè. Sakwisé tekan ana kantoré, Tiwi banjur ngajak Aris lungå.
“Ris, kowé saiki mèlu aku. Ngeterké aku,” mangkono omongé kanthi mbesengut. Praupané katon ora nyenengaké. Aris bisa nyawang saka praénané Tiwi.
“Badhé tindak wonten pundi sakniki, Mbak?” pitakoné Aris marang Tiwi.
“Nang hotel biasané sing gawé pertemuan. Aku ånå rapat penting iki.”
“Nggih, Mbak.”
Ora kakén omong sakdawaning dalan. Aris lan Tiwi mung meneng tånpå wicårå. Ora let suwé banjur wis teka ana panggonan kang tumuju. Aris markir mobil ana lobi parkiran ngisor. Jèjèr karo mobil-mobil liyané. Sawetara kui, Tiwi banjur mlaku munggah tumuju panggonan kang ana jero kana liwat lift sing ana njero hotel. Aris ngentèni kanthi setya.
Kanggo Aris, kabèh kuwi amanah kang kudu direksa.
***
Lunganing Tiwi karo Aris sajaki gawe Sarjono nesu. Dhèwèké ngerti yèn Tiwi lunga diterké Aris, padhå karo sakdurungé dirabi dening Sarjono. Wengi kuwi Sarjono nakoni Tiwi kanthi apik-apik. Nanging, Tiwi malah salah tampa lan ngajak padu. Rasané Sarjono sajak wis ora diajèni. Amarga, tujuwané Sarjono mung ngandhani bojone.
“Kowé kok lungå ra kandhå-kandhå? Terus ngono lungamu yå karo wong liyå. Åpå ora biså ngentèni aku?” pitakoné Sarjono kanthi ati muntap.
“Lhoh! Mosok aku kudu kandhå-kandhå? Kuwi kan urusan panggawéyanku tå, Mas,” Tiwi nyemauri kåyå mengkono.
“Yå kudu! Kowé kuwi bojoku. Senajan kaya ngapa waé aku kudu ngerti ana ngendi anggonmu lunga, lan uga karo sapa.”
“Ora perlu, Mas. Awaké dhéwé duwè dalan bédå-bèdå. Yeèn panjenengan biså tindak rena-rene tanpå sapangertènku. Généya aku ugå ora olèh?” Tiwi takon karo mrengut. Dhèwèké rumangsa digawé dolanan dèning Sarjono.
“Amargå kowé lungå tanpa pamit. Ora ngekèi kabar. Lan manèh, kowé lungå karo nom-noman kae,” ujaré Sarjono karo njotos kursi sing ana sandinge. Tiwi rada ndredeg kaget. Nanging, bisa nåtå atiné manèh.
“Padhå waé nèk ngono! Aku duwé jejibahan dhèwè nang pagaweyanku, Mas!”
“Terus lungå karo wong lanang sing dudu sisihanmu? Åpå kuwi pantes? Åpå kowé ora mikir kepiye ati lan rasaku yèn nganti ånå suwårå-suwårå ora kepenak keprungu ana kupingku? Åpå kowé ugå ora mikir?” Mangkono sateruse pitakone Sarjono marang Tiwi. Tiwi dadi kesel. Banjur ninggalké bojoné dhèwèkan.
Saiki amung Sarjono kang lungguh ånå ngarep tivi. Pancen dhèwèkè nyawang tivi kuwi, nanging pikirané ngglambyar rena-rene. Sarjono iséh nduwéni rasa mèri marang Aris. Nom-noman kang kayane isih ditresnani bojone, Tiwi.
“Aku ora bisa kaya ngéné terus. Aku kudu mindhah Aris nang kantor liyané. Bén Tiwi ora biså cedhak-cedhak karo dhèwèké,” gunemé Sarjono dhèwèkan.
“Aku kudu bisa gawé meteng bojoku, bén ora sakkarepé dhèwé lunga marang wong liyå.”
Pikirané Sarjono wis mbunet. Dhèwèké banjur éthok-éthok njaluk pangapura dening Tiwi supåyå bojoné gampang diisi. Ananging, tetep duwé pikiran arep mindah Aris sakcepeté.
Wengi kuwi, Sarjono lan Tiwi dadi siji. Padha-padha njaluk pangapura uga janji ora bakal mbaleni apa kang wis-wis.
“Aku tresnå banget karo kowé, Wi. Aku mung arep ngentèkké umurku karo kowé,” ngono ujare Sarjono.
Tiwi mung meneng tanpa wicara. Dhèwèké mung ngapura ana lésan, ora nganti tumekaning ati.
“Yå, Mas. Semono ugå aku. Aku arep dadi wanita kang migunani kanggo panjenengan saklawase nganti tekaning pati misahaké.”
Loro-loroné mèsem, lan ngerti apa kang kudu ditindakaké sabanjuré. Mung wong loro kang luwih ngerti.
Aris isih lungguh jejagongan ana ngarep kontrakan anyare. Dhèwèké ora ngerti geneya Sarjono banjur mindah dhèwèké ånå kantor sing anyar.
“Ris, aku kok rumangså ånå sing anèh karo Pak Sarjono,” pangucapé Gito, kancané kang uga dipindhah bareng Aris.
“Mbuh yå. Aku dhéwé rangerti. Paling yå biasa tå, ånå giliran,” wangsulané Aris tanpå nduwèni prasangka kang ålå.
“Ning anu, Ris. Iki ora kåyå biyasané.”
“Maksudmu piyé tå?”
“Kayan-kayané iki sengaja digawe karo Pak Sarjono bèn såpå wongé sing cedhek Bu Tiwi ‘disingkiraké’,” mangkono panemuné Gito. Aris ngguyu. Ngirå yén åpå kang diucapaké déning kancané mau mung guyon. Nanging, Gito anggoné nanggepi kètok tenanan.
“Yo bèn waé. Sing penting awaké dhèwè nang kéné tenanan anggoné nyambut gawé.”
Gito ngerti yèn saktemené Sarjono ora seneng karo Aris, amarga sakdurungé dadi bojoné, Tiwi katon seneng karo nom-noman kuwi.
***
Rong sasi manéh, Aris lan Wening bakal nglakoni urip anyar. Padha arep brayan bebojoan. Tiwi ngerti yèn Aris wis duwè pacangan déwé lan uga wis tunangan. Nanging, krenteg atiné kang jero kråså ora lilå yèn pawongan kang ditresnani arep nglakoni omah-omah sedhélå manèh.
‘Aris, kowé ora ngerti ati lan rasaku. Kowé ora ngerti yèn atiku mung nyimpen jenengmu. Sanadyan aku wis dadi duwèké wong liya, nanging ati lan jiwaku dudu kanggo sisihanku, mung kanggo Ris. Aku ora biså ucul sekå råså tresnå kang tansåyå nyikså ati lan rasaku iki.’
Tiwi meneng nglangut. Pikirané ngglambyar réna-réné. Pancén dhèwèké sah bojoné Sarjono, nanging mung katulis ånå dhuwur dluwang, dudu nang ati. Atinê ngumbara ana salah sawijining pawongan kang dén tresnani.
Wengi sansåyå nyenyet. Kéwan-kéwan wengi padha metu såkå panggonané. Swarané gumrenggeng kayata lagi padha gawé pacelathon nganggo basané dhéwé-dhéwé. Angin ugå kumresek kåyåtå tembanging ati wong kang lagi nandang kasmaran uga lara ati. Bédå Aris bèdå Tiwi. Loro-loroné nduwéni critå sing ora biså dicritakké marang liyan.
‘Ning, sedhélå manèh awaké dhéwé arep nglakoni omah-omah. Mugå-mugå ora ånå udur lan alangan. Tansah diparingi gampang dèning Gusti. Entènånå tekaku ånå sandhingmu. Aku uga wis ora sabar, arep mboyong kowe mréné. Panyuwunku, awaké dhéwé biså bebrayan nganti tuwå lan pati kang misahaké.’
Aris banjur ngirim pesen kanggo Wening ånå whatssap-é. Biasané, kenyå kuwi mau lagi mbukak hp-né nalikå kabèh panggawèyan omah wis rampung. Nanging ugå, kadhang-kadhang cepet.
Gumantung yèn dhèwèké isèh nglilir.
Cénthang siji.
Aris wis nyångka, yèn pepujaning atiné mau wis turu. Panggawèyané ngéwangi wong tuwané ånå sawah saben dinå dimangertèni Aris abot. Wening dudu wanitå sing aleman, senajan dhèwèké anak ragil. Kakang lan mbakyuné ugå ora ånå sing aleman. Intine, wong tuwsné Wening biså nggulåwenthah anak-anakké dadi wong-wong taberi tur prigel nyambut gawè.
***
Wening entes waé adus. Bar njungkati rambut, banjur dhèwèké mbukak hp-né sing sewengi wis dicas. Pesene Aris diwåcå. Nrenyuhaké atiné kenyå mau.
‘Mas Aris, aku ugå nyuwun kang padhå karo sing dikarepaké panjenengan. Mugå-mugå disembadani.’
Banjur dhèwèké nulis pesen kanggo Aris, [“Wis budhal kerjå?]
Centhang loro, nanging durung dibukak. Wening ngentèni kanthi setya.
Wis pirang-pirang taun, wong loro mau merjuwangaké åpå kang dadi pangimpèné. Råså tresnå kang wis dilakoni sakwéné iki, ndadèkké atiné wong loro tansah kuwat nalika ngadhepi kabèh pacoban. Setya lan kapercayan kang gedhé bisa nguwati kekaroné.








