Home / Fiksi / Cerbung / Wening: Lima

Wening: Lima

Wening
This entry is part 6 of 8 in the series Wening

“Lha napa panjenengan kesupèn kaliyan kula ta, Yu Tin?” aturé nom-noman mau. Dhèwèké panggah mèsem.

Tinah nyoba ngéling-éling nom-noman kang ana ngarepane kuwi.

“Kaya-kaya kok Mas Pri. Sampéyan Mas Pri dudu ya? Priyambodo putrané Pak Kartono kaé?”, pitakoné Yu Tinah marang dhèwèké.

“Nggih, leres, Yu Tinah.”

“Oalah … Mas Pri ta, momonganku cilik biyèn. Suwé ora ketemu, mbasan sekolahé pindhah. Terus saiki nang ndi?”

“Kula sapunika wonten Jakarta,” wangsulané Priyambodo.

“Malah cedhak Bapak lan Ibu, ta? Dakkira isih nyang manca.”

“ Boten. Sampun pindhah mriki. Boten saged dangu wonten mrika, amargi bènten swasananipun.”

“O, iya. Ya wis, dakndhisik ya, Mas Pri. Kapan-kapan dakdolan rana ya?”

“Nggih, Yu. Mangga.”

Wong-wong padha nerusaké laku tumuju nyang sawah. Sadawaning dalan, padha ngomongaké Priyambodo.

“Kaé mau putrané Pak Kartono ta, Yu Tin?” Pitakone makné Wening marang Yu Tinah.

“Iya, Yu. Momonganku biyén kaé, sing bocaé anteng kitiran tur wanèn.”

“Iya, aku ya kaya éling-éling sithik karo dhèwèké. Jaréné wis tau urip nang Landa ta?”

“Iya. Éntuk béa-siswa nang kana. Nanging aku seneng weruh cah kuwi. Sanajan urip nang manca, nanging ora lali lan ora ninggalaké adat bahasané dhéwé.”

“Ya ngono kuwi kudu digawé conto sing apik. Wong Jawa sing ora lali lan ora ilang Jawané.”

“Nanging jaman saiki wis angèl, Yu, nemokaké nom-noman sing gelem njaga budayané dhéwé. Malah akèh saiki sing rumangsa bangga yèn bisa niru-niru kabudayan wong liya sing kadhang ora cocok kanggo awaké dhéwé.”

“Iya, mulané kuwi, sakbisa-bisa awaké dhéwé kudu ngajari bocah-bocah supaya nresnani adat budayané dhéwé.”

Wong-wong padha guneman nganti tekan sawah. Padha miwiti tandur, amarga mangsa rendheng iki banyuné akeh tur apik kanggo nenandur.

Priyambodo mlayu-mlayu mubengi désa. Swasananing désa sing nduwéni hawa seger amarga isih akèh wit-witan ijo, uga adoh saka kutha kang akèh polusi saka kawasan industri lan pabrik. Nom-noman kuwi banjur mlaku alon-alon, sedhéla-sedhéla dhéwéké mandhêg. Nyawang kaéndahaning désa kang katon ijo royo-royo.

 Mripaté tumuju marang kenya kang lagi numpak pit sing liwat ana ing dalan désa. Kenya mau kaya-kayané wis tau dikenal déning dhèwèké. Nanging kenya mau ora plégo, amarga dhéwéké kétok kesusu.

 “Mbak …! Mandheg!” Priyambodo nyeluk kenya mau, kang ora adoh saka dhèwèké. “Mandhega sik!”

Kenya mau mandheg banjur nakoni, “Wonten ingkang saged kula biyantu, nggih, Mas?”

Priyambodo mèsem,bbanjur nyedhaki. Dhèwèké mbales nakoni kenya mau : “Apa kowé isih éling karo aku?” Ésemé Priyambodo pancén nengsemaké. Sapa waé wong sing nyawang bisa merak ati. Nanging kenya mau biasa waé anggoné ngadhepi.

“Lha njenengan niki sinten? Kok kadosipun nembé niki mawon kula kepanggih kalian njenengan.”

Nom-noman kuwi ora njawab, amung mèsem, sajaké duwé cangkriman supaya dibedhék déning kenya sing ana ing ngarepé kuwi.

“Ndhak iya? Padhahal aku wis ngreti kowé suwé lho?” Kenya mau tetep waé ora éling sapa sejatine priya kang ana ngarepané kuwi.

 “Sinten nggih? Kula èstu boten kémutan kalih njenengan, Mas.” Wening ngakoni jujur yén dhéwéké pancen ora éling sapa nom-noman kang èsemé nengsemaké kuwi.

 “Tenan kowé ora éling karo aku?” Sepisan manéh nom-noman kuwi nggodhani. Kaya-kayané ngongkon Wening supaya éling marang dhèwèké.

“Saèstu boten kémutan kula,” jawabé Wening karo nyoba ngéling-éling. “kadosé njenengan niku ….” Wening éling jenengé priya iku, “nyuwun pangapuntên manawi boten klintu, Mas Pri, nggih. Priyambodo.”

“Déné kowé éling, Ning. Ya bener, aku Priyambodo. Kowé lhlak Wening ta? Putriné Bu Suwarni karo Pak Kuncoro?” Ora salah anggoné Pri mbedhék kenya mau.

Loro-loroné mèsem bebarengan. Pri krasa bungah bisa ketemu manéh karo kanca dolan ciliké. Wening wis malih saiki, dadi kenya ayu. Ora kaya jaman biyèn, jaman cilik-cilikané, isih padha seneng mèlu angon.

 “Nggih, Mas. Lha njenengan kok bisa ya, ora pangling karo aku?” Kandhané Wening karo mèsem. Ora ngira yèn dhèwèké arep ketemu karo Pri ana wektu sing ora kanyana.

 Pri mangsuli, “Ya ora lali aku, kowé ki ora gampang dilalèkaké kok, Ning.”

Wening ngguyu krungu kandhané Priyambodo. Omongané Pri bener yèn dhèwèké ora bisa dilalékake, amarga tingkah polahé mèmper cah lanang. Wening mesthi menang lomba mlayu nalikané ngoyak-oyak ingon-ingonané karo Pri ana sawah biyèn. Cah loro senengané kungkum karo langèn ning kali sacedhaké désa.

“Iya, aku ngandhel yèn ora bisa dilalékake. Marga polahku ngungkuli njenengan ta, Mas?” Wêning mangsuli tanpa gedhé rasa. Dhèwèké nganggep yèn omongané Pri kuwi waton guyon. Nanging Wening durung mudheng karo kekarepané Pri. 

“Kowé saiki arep nang ngendi, Ning?”

 “Arep ngeterakè pacitan karo wédang gawé wong-wong nang sawah, Mas.”

“Wong tandur?”

“Iya. Wis mulai tandur iki mau. Aku ndhisik ya, Mas.”

“Iya, Ning, ngati-ati.”

Saklérapan, Pri amung bisa nyawang laku pité Wening kang wus katon adoh saka panyawangé. Dhèwèké kaya nemokaké barang ilang sing wis suwé digolèki.

Kowé wis ana sing nduwèni pa durung ya, Ning? Saumpama durung ana, aku kepingin nduwèni kowé. Nanging, apa kowé nduwèni rasa marang aku? Panyawangmu, kowé mung ndadèkaké aku kaya jaman cilik biyèn.

 Pri banjur mlaku tumuju omahé ing pinggiring désa.

Wening

Wening: Papat Wening: Enem

Penulis

  • Fidele Amour

    Fidèlé Amour adalah nama pena dari wanita kelahiran Temanggung, Jawa Tengah, berzodiak Libra. Memiliki hobi belajar bahasa asing, mendalami huruf-huruf Jawa dan bahasa Jawa sebagai wujud dukungan terhadap program Revitalisasi Bahasa Daerah. Gemar menulis artikel, puisi, cerpen, dan cerbung, terutama cerpen dan cerbung berbahasa Jawa. Telah menerbitkan beberapa karya solo dan antologi berbagai genre.

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Arsip

Kategori

Antologi KompaK’O

Random image