Home / Genre / Sastra / Kluwung

Kluwung

Kluwung

“Yu…Yu Lasmi,” swårå pawongan mbengok nalikå aku iséh mentas waé salat Dzuhur.

Aku gagé-gagé nguculi rukoh karo nglempit sajadahku. Banjur metu sekå senthong.

“Eh, Rus. Ånå åpå kok bengak-bengok?” pitakonku kanthi gumun.

“Mrénéå, Yu. Aku oléh kabar såkå Mas Wawan.” Rusmi ngejak aku menyang sentong

Lawange dilebi, kuwatir yén ånå wong krungu.

“Ngéné, Yu. Jané…aku krungu kabar yén Mas Sakti kuwi arep rabi, Yu,” kandhane Rusmi, praupané malih.

“Rabi? Karo såpå?” pitakonku maneh, pingin ngerti.

Rusmi ora langsung  mangsuli. Dhèwèké nyawang aku, ora tégå. Nanging aku mekså, “Rus, ngomongå!”

Rusmi ngucap kanthi ndrojot, “Yu, Yu Lasmi sing sabar, sareh. Mas Sakti…arep rabi karo Mbak Mayang. Minggu ngarep jaréné,” kandhane Rusmi tanpå aling-aling. Praupané abang mbranang.

Aku kaget.

Atiku maktratap nalikå krungu kabar yén dhèwèké sedhélå manèh arep rabi. Kåyå sinamber bledhég lan gumlegeré  ånå tengahing awan sing ora katon mendhung. Ora ånå abluk klawu ngambang, ora ånå tètèsing udan nyirami jroning bumi, nalikå ngerti yèn sing arep dadi sisihané ora liyå yå wong sik sakwéné iki cedhak karo aku.

Wong kang wus gawé laraning atiku. Ra kråså luhku dléwéran, tumètès nelesi pipiku. Awakku sajak lemes kabeh.

Luwih peneré gawé kuciwaning pangarepan sing wis tau dakimpèkaké.

Durung kelakon, nanging pancén kudu wis sakmènè iki ginarising Gusti.

Aku mung sakdremå nerimå åpå kang wis dadi pesthiné.

“Yu, wis tuwuk léh nangis?” pitakoné adhiku.Dhèwèké lungguh ånå sandhingku–luwih peneré ngancani aku sing lagi nandang lelarå amargå tresnå kang wis musprå.

Aku manthuk.

Nuli dhèwèké menyat ngadeg.

Mlaku ånå pinggiring jendhélå. Nyawang kaéndahaning pari sing wis mratak ånå sawah. Nanging sakjané kaéndahaning pari iki wis ora kåyå biyén…

Aku biså ngrasakké yén dhèwèké ugå bisa ngrasakke atiku.

Jaman pirang-pirang tahun aku lån pacanganku wis andum crita, råså, lan ugå tresnå iki. Adhiku ngerti kabèh kåyå ngåpå dhèwèké biyén.

“Aku ora nyånå yén Mas Sakti nglarani atimu nganti kåyå ngéné. Dhèwèké lak ngerti såpå sejatiné Mbak  Mayang kuwi. Kancamu dhèwé,” gunemé dhèwèké karo ngoyos. Aku ngerti yén adhiku melu ngetokké luh.

Aku ora njawab. Mung meneng waé. Ora ånå sing perlu dipertahanaké manéh.

“Yu, kok bisa-bisane Mas Sakti karo Mbak Mayang kåyå ngono?Pra duwé perasaan. Wis nyidrani tresnané Yu Lasmi,” sepisan manéh, dhèwèké ngomong karo setengah ngotot. Suarané tansayå dhuwur. Mripatê iséh katon abang.

Luhku dlèwèran. Aku mèlu nyedhaki dhèwèké.

Adhiku daksikep såkå mburi. Sirahku ndesel ana awaké. Aku lårå. Dhèwèké ugå mélu lårå.

Kepriyé ora?

Pirang-pirang taun anggone aku lan Sakti bebarengan, malah wis duwé rencana arep nikah taun iki, sakwise dhèwèké diwisuda. Sakti ngomong mring aku yén arep nggayuh impénané sik kanggo gawé senenging atiku.

Aku uga tau ngewangi apa kang dadi pengimpèné Sakti. Kadhang aku mélu mbayar duit kuliahé såkå hasilku dodol. Mung arep nyawang dhèwèké bén katon seneng lan ginayuh kekarepané.

Nanging, ora ngirå yén arep ånå kadadéan kåyå ngéné. Dhèwèké mblenjani janji sing tau diucapake mring aku.

Atiku tatu.

Yå, tatu.

Ora mung tatu, nanging ugå lårå.

Cobå pikiren såpå sing biså trimå yèn wong sing wis tau gawé meraking ati ujug-ujug ninggal lan keprungu arep rabi karo wong liyå.

Intiné jaré salah sijining lagu: Ditinggal Pas Sayang-Sayangé.

Rong minggu manéh, Sakti lan Mayang arep ngucap janji ånå ngarepé wong akéh. Janji suci sing kaiket déning  asmanê Gusti.

Atiku wis mulai nglilakké apa sing dudu dadi duwékku. Rong dinå sakdurungé ijab qabulé dèwèknén, aku oléh kabar kuwi yen kasunyatane Sakti wis nyidrani janji mring aku.Cidraning ati sing nggawé laraning atiku ajur makaping-kaping.

Sakti wis lali karo janji setyané nalika aku ngéwangi dhèwèké. Ora mergå aku ora ikhlas, nanging carane Sakti nyidrani mring aku wis gawé ajuring atiku.

**

Dinå kuwi aku mentas mulih kerjå. Nang ngarep omah wis ånå sepedha montor loro. Mbuh nggon såpå. Sak ngertiku, durung tau ånå sing mårå omah nganggo montor koyo ngono kuwi.

Aku uluk salam ånå ngarep lawang sakdurungé mlebu. Pawongan loro mau njawab salamku sråntå noleh.

Salah sijining pawongan mandeng aku. Atiku maktratap. Ora ngirå yén wong sing tau mblénjani janji tekå nanv omahku. Pasuryané ora kåyå biasané, kåyå nandang lårå sing wis sinimpen suwé.

“Lasmi…,” dhèwèké nyeluk aku.

Aku ndhingkluk. Mbuh geneå aku wegah njawab.

Banjur dhèwèké nyedhaki aku. Arep nggegem tanganku. Nanging aku sélak. Aku wis tatu. Atiku lårå.

“Geneå njenengan mréné? Endi bojomu? Kok ora dijak?” pitakonku marang dhèwèké.

“Aku wis pisah,” wangsulane dhèwèké kanthi sedih. Pasuryane ora kåyå biyen. Sajak ånå sing disimpen. Nanging åpå? Aku dhèwé yo ora paham.

“Pisah?” pitakonku kanthi kåyå ora percåyå.

Sakti manthuk. Ngakoni yén saiki dhèwèké getun amargå wis ninggalké aku. Mayang nyatané malah sèdhèng karo wong liyå nganti mêtêng. Mayang mung seneng moroti bandané Sakti. Sing ngajak rabi wiwitané yaiku Mayang kanggo nutupi èlèké.

“Aku pingin bali manéh karo kowé “

Aku meneng. Mung bisa nyawang pasuryané sing katon pucet.

“Dingapurå, aku wis ora biså manéh kåyå biyén,” wangsulanku karo ninggalké kekaroné.

Sakti lan kancané banjur omong-omongan karo bapakku. Njaluk supaya aku bisa mbalik maneh marang dhèwèké.

Udan sore kuwi dadi seksi yén aku nandang lårå kang durung mari. Atiku wis daktutup kanggo dhèwèké. Tatu iki mbuh arep ngantu tekan kapan bisa ilang. Sak ora-orané aku bisa nglalekke.

Udan saka tawang gumrojog dadi seksining atiku.

Senajan suwe, aku ngandel yén bakal ana kluwung bar iki. Kluwung sing ndadekke uripku saya endah.

Penulis

  • Satya Padma

    Satya Padma adalah penulis yang masih terus belajar. Salah satu karyannya yang sudah terbit adalah Sang Elang dari Mesir (SEDM)

Tag:

Satu Komentar

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Arsip

Kategori

Terkini

Secangkir Kopi

Secangkir Kopi

Eyang

Eyang

Rusi yang Sombong

Rusi yang Sombong

Cinta Kedua & Terakhir: Bab 44

Cinta Kedua & Terakhir: Bab 44

Putri Pewaris Mafia: Bab 29

Putri Pewaris Mafia: Bab 29

Antologi KompaK’O

Random image